Image by Alvaziazien

Senin, 16 Januari 2012

Joko Poleng (Brebes)


Ana wong enom bagus tur gagah, jenenge Laksito. Laksito kerjane dadi tukang ngopeni jarane bupati Brebes. Kanjeng Bupati seneng karo hasil kerjane Laksito sing sregep lan resikan.
Wektu kuwe, kaya biasane, Laksito arep lunga maring sawah arep golet suket go pakane Genta, jarane Kanjeng Bupati. “Bi, nyong ming sawah ndisit!” Laksito gemboran pamit karo Bi Ojah, bature Kanjeng Bupati sing lagi uprek nang pawon.”Iya cah bagus, ati-ati ya?!” bibine njawab karo sibuk gole uprek, ora nglinguk ning Laksito.
Nggawa arit karo karung, Laksito mlaku nylusuri galengan sawah golet suket-suket sing subur tur ijo. Tekan anjog ning lapangan, dheweke mbatin, “Ehm, nang kene kiye sukete ijo-ijo temen, mesti si Genta dokoh mangane.” Terus Laksito mulai mbabadi suket-suket sing ana nang ngarepane. Sepisan-pisan, Laksito ngusapi kringet nang bathuke nganggo tangane. Laksito terus mbabadi suket ora kesel-kesel.
Sewise olih sakarung kebek, Laksito kaya biasane ngaso nang ngisore wit gede. Diglegek banyu kendi sing digawa sekang ngumah. Kringete gemrobos seawak kojur. Laksito leha-leha glelengan, kipas-kipas nganggo godong sing tiba sing wit.
Wektu Laksito lagi pas merem, dheweke weruh ana ula poleng ana mahkota emase ning endase. Laksito dadi penasaran mbuntuti ula kuwe. Laksito mlaku alon-alon ben ora diweruhi ula kuwe. Ula kuwe akhire mandeg neng rerungseban. Laksito melu mandeg. Matane mentheleng mandengi ula poleng sing lagi mlungsungi. Pirang menit, akhire ula kuwe nglocop kulite. Laksito mereki panggonan kuwe sawise ulane lunga. Terus Laksito njukut bekas kulit ula poleng kuwe.
Laksito balik maning nerusna pegaweyane. Rong karung kudu dikebeki.“Uh, akhire kebek temenan. Bali ah, wis ngelih.” laksito mbatin karo naleni karung loro kuwe. Laksito ngaso maning sedela, teruse bali.
-~=oO o=~-
“Bi, aku ngelih, Bi, arepan mangan,” Laksito ngomong karo Bi Ojah. “Lha, To, kowe nang endi??” Bi Ojah gemboran lantaran kaget. “Nyong nang iringane Bibi!” ujare Laksito eram.
“Aja guyonan lah, To.. Bibi ora weruh kowe nang kene,” Bi Ojah rada kewedenan.
“Nyong nang kene, Bi…” Laksito nyauri karo nyekeli tangane Bi Ojah.
Bi Ojah kaget ora kira-kira waktu ngerasakna tangane ana sing nyekeli tapi ora keton wujude. Bi Ojah langsung gemboran mlebu ming pendapane Kanjeng Bupati, wadul karo kanjenge.
Ora suwe, Bi Ojah balik maning maring pawon karo Kanjeng Bupati.
”Nang endhi, Bi?” takone Kanjeng Bupati bingung krungu critane Bi Ojah.
“Ampun Kanjeng, swantenipun teng mriki wau.” Bi Ojah usaha ngyakinaken Kanjeng Bupati.
”Laksito! Kowe nang endhi?” Kanjeng Bupati nimbali Laksito.
”Ampun Kanjeng Gusti, kulo wonten mriki, wonten iringanipun panjenengan,” jawabe Laksito.
“Lho lho lho, deneng kowe ora keton?” kanjeng Bupati ya dadi kaget nemen.
“Ampun Gusti, kulo boten ngertos,” jawabe Laksito ya esih bingung.Kanjeng Bupati sedela rada meneng, ngrenung.
“Kowe ngalami kedaden apa sedurunge kiye To, jajal diemut-emut?” takone Gusti Bupati.
Laksito meneng sedela, mikir-mikir.
“O inggih Gusti, kolo wau rikolo kulo pados suket wonten ing sabin, kulo semerep sawer poleng ingkang ndasipun wonten makutho emasipun kemerlob, saweg mlungsungi. Lajeng kawulo mat-aken lan kawulo pendet kulit slungsunganipun,” ceritane Laksito soal kedadiyan mau nang sawah.
“O.. kaya kuwe. terus kulite nang endhi?” takone Gusti Kanjeng.
“Wonten saku rasukan kulo Gusti.”
Bener uga, sewise kulit kuwe ditokena lan didokok nang meja, ujug-ujug awake Laksito nongol keton.
Kedaden kiye, uga sing nggawe Bi Ojah sing wiwit mau meneng, dadi mundur kaget.
“Wah, Laksito, kowe wis keton,” Bi Ojah gemboran.
Laksito gemuyu plong. Gusti Kanjeng Bupati manthuk-manthuk ngerteni.
“To, kulit ula kuwe dak simpen aku bae ya!,” jere Kanjeng Bupati karo driji penuduhe nuding ning kulit ula kuwe aweh tanda karo Laksito kon njukutena terus diserahna karo panjenengane.
Nanging alus-alusan Laksito nolak. “Ampun, Gusti, kulit puniko gadahan kulo.”
“Arep nggo ngapa, To? Langka gunane tumrapmu,” Gusti Bupati ngrayu Laksito.
“Ampun Gusti. Gandeng ingkang manggih kawulo, dados nggih kawulo ingkang nyimpen barang puniko,” jawabe Laksito.
“Langka gunane nggo kowe, cepet wehna aku!” kanjeng Bupati ngendiko madan meksa ning Laksito.
“Ampun, Gusti, kulo boten saged..” Laksito tetep teteg.
Teruse Gusti Bupati karo Laksito rebutan. Lantaran Laksito wedi barang kuwe bakal direbut karo juragane, Laksito cepet-cepet nglebokena barang kuwe meng cangkeme, lan tanpa disengaja barang kuwe kolu.
Gusti Bupati mung bisa nahan emosine, waktu weruh benda kuwe kolu. Alon-alon awake Laksito ngilang.
“Pangapunten Gusti, kawulo sampun nerak dawuh panjenengan dalem,” ujare Laksito lirih.
Bupati unjal napas.
“Aku keduwung wis meksa kowe, Laksito. Sebenere pancen barang kuwe hakke kowe, tapi aku meksa, dadi akhire kaya kiye. Pangapuraku Laksito.” Ujare Bupatine. “Kiye bisa uga wis takdirmu, Laksito, wujudmu langka. Aku njaluk tulung karo kowe njaga masyarakatku yakuwe masyarakat Brebes. Terus, lantaran kowe esih jaka lan ngeleg kulit ula poleng, dadi siki kowe tek arani Jaka Poleng.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar