Image by Alvaziazien

Senin, 09 Januari 2012

Nungguni Pos Kampling (Drama Jawa)

Lakon

1.    Doeng    :    bocah lanang, umure kira-kira 18 taun
2.    Endul    :    bocah lanang, nganggur, umure kira-kira 19 taun
3.    Tukang Bakso    :    wong lanang adol bakso, umure kira-kira 22 taun
4.    Gayus    :    bocah lanang, umure, kira-kira 18 taun
5.    Maling    :    wong lanang dadi maling, kira-kira 23 taun.



Latar

Pos kampling, tempate ronda kari mbengi,

Tempate lumayan rada amba ukurane
 kira-kira 3-4 meter, ana jengkok
kenthongan, karo ana mejane.






Pas jam pitu sore Doeng ning pos kampling
lagi gitaran nembang lagune NIDJI sing
 judule “Jangan lupakan”.


Ku berjalan terus tanpa henti
dan diapun kini tlah pergi. 
Ku berdoa di tengah indah dunia. 
Ku berdoa untuk dia yang
kurindukan …


Ku mohon untuk tetap tinggal
dan jangan kau pergi lagi
berselimut di tengah dingin dunia
berselimut untuk dia yang
kurindukan ….
Sing umah Bagus metu maring
Pos kampling nggoleti bocah-bocah
Mbari nggawa sarung


Endul    :    “Weleh … weleh … Eng! awit wingi kon nembange kuwe bae ! apa ora bosen, mbok nyoba nembang sing liyane rah ! “
        (mbari njagong ning pinggire Doeng)
Doeng    :    (Gitarane mandeg)


        “Deneng teka-teka komentar! lah yong enyong bisane nembang kuwe tok primen ? kon ge ngerti mbok, enyong tembeke wingi-wingi yang gitar ya wajar rah bisane nembang kuwe tok. “
Endul    :    Iya … iya … Eng!, enyong ge ngerti.“
        (karo nggeplak gigere Doeng)
Doeng    :    “Ngerti … ngerti … !
        O’ya NDul deneng wingi mbengi’ kon ora Katon? maring endi’ sih? Tumben men sih. “
Endul    :    “Oh wingi enyong njujugna bapane maring Jatisawit, biasa … niliki embahe enyong. “
Doeng    :    “Terus balike jam pira ? “
Endul    :    “Enyong balike mau esuk-esuk dadine enyong ora bisa ronda ning kene, ora papa kan ? “
Doeng    :    “Ya ora papa … aduh enyong kencotmen … wetenge lara men yakin … deneng wis jam semene tukang bakso ora teka-teka yah? Biasane ta wis teka. “ 
        (mbari nyekeli weteng)
Endul    :    “Iya … yah biasane ta jam enem sore ge wis teka … apa ning dalan baksone akeh sing tuku dadine suwe, apa jangan-jangan ora mangkat. “
Doeng    :    “Ora bakal ora mangkat … muga-muga ta delat maning teka, soale wetenge enyong wis lara men kiye … ! “
Endul    :    “Sabarrah … paling pirang menit apa pirang jam maning teka. “
Doeng    :    “Aja kaya kuwe rah …!
        misale enyong mati primen?”
Endul    :    “Apa … mati ! ya ora bakal rah, masa kur kaya kuwe bisa mati. “  (mbari nyinger)
Doeng    :    “Kon ta ! karo batir jere kaya kuwe, ana batir lagi kelaranen malah moyoki“ (jengkel)
Endul    :    “Iya … iya aja jengkel rah maaf … maaf? “
Doeng    :    “Maaf … maaf ! “
        (mbari ndokon gitar)


Pirang menit sawise Doeng ndokon gitar, sing kiwe dalan ana swara tukang bakso monikna klentingane. (ting … ting … ting bakso … bakso) 3x


Endul    :    “Kayane ana swara tukang bakso Eng! Endi sih ya, oh kae Eng tukang baksone wis katon. Bersyukur rah Eng!
Doeng    :    “Alhamdulillah akhire teka … woy …! Man deneng suwe men sih, enyong wis kencotmen kiye ! saiki gawekna siji gian !
Tukang Bakso    :    “Ya … kiye miki ning dalan akeh wong pada tuku.” (mbari njikot mangkok)
        “Oh, ya miene di campur apa ora ?”
Doeng    :    “Biasa rah … karo enyong ta nganggo mie putih bae ! sambel karo saose aja kakehen ya !”
Tukang Bakso    :    “Iya tenang bae bos”
        (mbari gawe bakso)
Doeng    :    “Man gagian rah ! enyong wis ora kanthi kiye. “
Tukang Bakso    :    “Iya … iya, kie wis dadi! Tapi aja utang ya ? “
        Soale kon ta kari utang ora nyaur-nyaur enyonge rugi rah!“
        (mbari ndokon bakso ning meja)
Doeng    :    “Iya man saiki ta pen bayar ikih, tenang bae pak ! “
        (mbari njikot bakso ning meja)
Endul    :    “Ora usah kwatir man ! mbok Doeng  lagi cair ikih”
        (Mbari njikkot gitar)
Tukang Bakso    :    “Ya … ya …! enyong percaya.  Ngomong-ngomong bocahan pada maring endi ? deneng kur bocah loro tok ?
        (karo mbersihi mangkok)
Endul    :    “Embuh … enyong ge ora ngerti bakale ge pada mene ikih …“ (mbari gitaran)
Doeng    :    “Kiye man mangkoke …! Alhamdulillah wis wareg yakin, pira man ? “
        (Ngenehna mangkok maring tukang bakso)
Tukang Bakso    :    “Rong puluh ewu bos“
Doeng    :    “Hah … larang men sih, mbok regane ge kur limangewu ak! “
Tukang Bakso    :    “Ya iya rah, karo utange sih … masa utange ora dibayar?
        Mbok kon lagi cair ikih …? Mugane kari tuku aja utang! “
Doeng    :    “Iya wis kiye … jujul telung puluh ewu ! pumpung lagi ana duit. “  (ngenekna duite)
Tukang Bakso    :    “Nah … kaya kuwe rah bos … kie jujule … detung maning mbokan luwih ! “
Doeng    :    “Ya mene, sepuluh ewu, rong puluh ewu, telung puluh ewu, iya pak wis pas jujule ora luwih. “ (mbari ngetung)
Endul    :    “Yud bagi rah duite … limangewu mbuh apa, aja pelit rah!
Doeng    :    “Bagi … bagi …! emange duit olih nemu apa ? “
Endul    :    “Pelit nemen sih ! kari ora duit, tukukna rokok ya kena rah!“
Doeng    :    “Ora usah tuku! kie enyong ge duwe tapi super dudu samsu. “  (mbari njikot ning sak)
Endul    :    “Ya ora pa pa wis, sing penting gratis ikih. “
Doeng    :    “Tapi enyong klalen ora nggawa koreke primen !
Endul    :    “Aduh … payah men sih. “
Doeng    :    “O’ya nyilih korek ning warunge Gayus bae mana ! “


Endul    :    “Ok bos“
        (mbari mlaku maring umahe Gayus)

Doeng  ngenteni Endul mbari gitaran


Nembang lagune “Iwan Fals”
…. Wakil rakyat seharusnya
merakyat …
jangan tidur waktu
sidang soal rakyat ….


Ning umahe Gayus Endul  ngilih korek



Endul    :    “Assalamu’alaikum Yus … Yus  … ! “
Gayus    :    “Wa’alaikum salam …“
        “Ana apa Ndul! tuku rokok apa ? “
Endul    :    “Ora! enyong ta kur pen nyilih korek tok. “
Gayus    :    “Mbokan sih pen tuku rokok, nganggu bae sih enyong pen turu koh, gagian! “
Endul    :    “Lah kur pen nyilih tok be … endi sih koreke ? “
Gayus    :    “Kuwe ning duwur lemari kaca … baliknane ngesuk bae ! enyonge ngantuk men pen turu warunge pen ditutup“
Endul    :    “Iya tenang bae Yus ! aja kwatir! “
Gayus    :    “Iya … iya … cepet! “
Endul    :    “Lah ora sabaran men sih ! “
        (mbari mlaku metu maring pos)
Endul    :    “Kiye Eng … koreke! Enyong ta mengko sawise kon bae.
Doeng    :    “O’ya deneng Gayus ora melu mene sih Eng ?
        “ (Mbari njikot korek sing tangane Endul)
Endul    :    “Jerene ta ngantuk dadine pen turu bae, ora mene.”
Doeng    :    “Dasar nesih jam setengah sanga be wis ngantuk.”
Tukang Bakso    :    “O’ya …! Ndul deneng wingi ora mene sih ? maring endi?”
Endul    :    “Enyong wingi maring Jatisawit. “
Tukang Bakso    :    “Uuh … misale kon wingi ning kene ta rame men, mbok wingi ana maling, umahe pak Darsiyem kemalingan untung bae ning kene ana enyong karo bocah-bocah … dadine malinge ketangkep. “
Endul    :    “Apa …! ana maling, deneng Doeng ora ngomong maring enyong sih. “
Doeng    :    “Lah kari ngomong ge kone saiki pen apa ? “
Endul    :    “Ya … masa enyong ora olih ngerti sih ? enyong ge warga kene mbok …?“
Tukang Bakso    :    “Wis … wis … ora usah jengkel, malinge wingi ketangkep ikih …?“
Endul    :    “Dudu kaya kuwe man … masa karo batir ora nein ngerti …!“
Tukang Bakso    :    “Ya mbokan bae mau klalen“
Doeng    :    “Oh ya Ndul… miki lagi enyong gitaran ana wong lewat katik kaos ireng nggawa sarung maring blok dhuwur … wonge nggilanimen … ditakoni malah meneng bae … kayonge ta dudu warga kene … los ge takon tukang bakso! “
Endul    :    “Lah wis lah … ora usah dipikiri …! Saiki pada gitaran bae!
Tukang Bakso    :    “Heh … bocah-bocah enyong pen balik ya ? wis mbengi sih, tolige mbokan ning dalan ana wong arep tuku kan lumayan (mbari ndorong gerobage)
Endul    :    “Iya …man ati … ati ya … !
Doeng    :    “Man … man ! mandeg disit kuwe rodane bunder …!
        (mbari nglawak)
Tukang Bakso    :    “Ya … iyalah masa bane bentukke kotak sih … wis lah enyong pen balik …” (ndorong gerobage)
Doeng    :    “Ha … ha … ha. Dikerjani gelem” (mbari ngakak)
Endul    :    “Melas rah Eng … pen balik koh dikerjani”
Doeng    :    “Lah kayong ora biasane bae …”
Endul    :    “Ya … melas rah …!”
        O’ya Eng enyong balik disit ya ? pen gawe kopi … supaya aja ngantuk … setuju lih ? ”
Doeng    :    “Iya … enyong setuju Ndul … wis mana sisan enyong gawekna”
Endul    :    “Iya wis …”
        (mbari mlaku maring umah)
Doeng    :    “O’ya Ndul enyong ta kopi ABC bae ya ! ”


Endul mlaku maring umah langsung gawe kopi loro, ora suwe kopine wis dadi Endul langsung maring pos kampling sawise anjog ning pos.


Endul    :    “Kie Eng… kopine ! ”
        (mbari ndokon kopi ning meja)
Doeng    :    “Deneng suwe men sih ! ”
        (mbari njikot kopi)
Endul    :    “Lah kur lima menit be ! ora sabar men sih !
Doeng    :    “Ndul … kae wong sing mau … lagi apa yah ? deneng nggawa bungkusan plastik gede.
Endul    :    “Endi … oh kae, kuwe tak kayane wong lagi nggawa bungkusan Digital
Doeng    :    Tapi … mau ta ora nggawa bungkusan apa-apa, yuk takoni bae yuh!
        (mbari mlakuk maring wong kae)
Doeng    :    “Mas … mas … mas sih sing endi ?
Maling    :    “e … e … ny … ny … nyo … ng … ta, oh ya enyong sing nggone sadulure …“
Doeng    :    “Oh sadulur … o’ya kuwe bungkusan apa mas ? sadulure mas sapa sih ? ”
Maling    :    “Kiye … kiye … ta dudu apa-apa aku miki maring … pak Ade. ” (nganggo suara lirih)
Doeng    :    “Pak Ade … kayane ta langka sing arane pak Ade … kuwe apa ning bungkusan ? coba saiki dibuka bae isine apa! “ (katik swara rada rosa)
Maling    :    “Domongi kie tak dudu apa-apa“
Doeng    :    “Mene ndeleng ! “
        (tangane pen njikot bungkusan)
Maling    :    “Eh … ya aja rah! “
Doeng    :    “Deneng aja … kari kaya kuwe enyong rebut geh“
        (katik swara rosa)
Maling    :    “Minggir enyong pen lewat ! awas ! “ (mlayu mbari ndorong Yuda)
Doeng    :    “Hey … mas pen … maring endi? Aja mlayu …! Apa jangan … jangan wong kuwe maling.  Maling … maling …! Ndul… kuwe maling tangkep Ndul ? “
Endul    :    “Apa! wong kuwe maling (langsung mbalangna gelas kopi maring maling)


Gelas sing di balangna Endul kena batuke maling, trus malinge tiba maring wangan, bungkusane kebuka mencolat maring gundukan pasir jebule isine Digital Parabola.  Doeng karo Endul langsung mlayu nyekel malinge karo ngantemi.
Maling    :    “Ampun …! ampun …! enyong dudu maling!.
Endul    :    “Ora bakalan maling ngaku, wis saiki kon melu enyong maring pak RT. “
Maling    :    “Aja gawa enyong rah … enyong ta dudu maling! “
Doeng    :    “Dudu maling …! dudu maling ! kue buktine kon maling Digital, kari dudu maling deneng mlayu …! wis saiki kon … madep pak RT. “
Endul    :    “Kon njikot Digatale ne sapa …?“


Sing arah kiwe Gayus mlayu-mlayu, mbari ngos-ngosan
Gayus    :    “Maling …! maling …! enyong kemalingan, maling … maling … enyong Digitale ilang“
        (mbari mlayu maring pos kampling)
Doeng    :    “Oh …! kon maling ning umahe Gayus ya ?“
Endul    :    “Yus … kiye … malinge wis ke tangkep. ”
Gayus    :    “Endi … malinge, awas kon! ”
        (mbari pen ngantem)
Doeng    :    “Yus … sabar … wis ketangkep ikih. ”
Gayus    :    “Wey … mas kosih sapa ? deneng bisa … bisane maling …! Arep gawe masalah pa?”
Maling    :    “Ampun … mas …! Ampun! enyong ora pen maning-maning …enyong kapok. ”
Doeng    :    “Ahh …! ampun-ampun …! malinge arep dapakna Yus?”
Endul    :    “Iya Yus …! malinge pen digebugi apa ditendangi.”
Maling    :    “Mas … ampun mas enyong aja digebugi.
Endul    :    “Oh … berarti njaluk ditendangi ya wis Eng … yuh tendangi” (mbari nendangi)
Gayus    :    “Hey … wis … wis! aja ditendangi melasi … aja janji tendang bae rah.  Yuh saiki malinge digawa maring pak RT bae, supaya dilaporna maring kantor polisi. ”
Maling    :    “Aja mas …! enyong ora pengin di penjara … ampun mas …!”




Doeng    :    “Ampun …! ampun …! wis gagian melu cepet …!”


Akhire Doeng,Endul Karo Gayus nggawa malinge mbari digered-gered maring pak RT, ning umahe Pak RT malinge dilaporna maring Kantor Polisi karo didomahi enteng-entengan anjog stress..








                   Ditulis Pada Waktu SMA Kelas XI
         Untuk dikirim ke Majalah Pustaka Candra

Tidak ada komentar:

Posting Komentar